Jumat, 02 Maret 2012

Geguritan FBI

NASKAH GEGURITAN




RASA KANGEN


Dening : Abu Rofik XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Akhir – akhik iki aku kangen marang sliramu
suwene aku tresna marang sliramu
gawe rasa kangening atiku
Nanging suarane ora bisa mangerteni rasa ing manahku
ingkang tansah kebayang awakku
saben – saben ing wektuku
rasa iki ora bisa ilang ing atiku


NGENTENI RANDHAMU


Dening : Ahmad Fauzan XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Sanadjan sliramu sampun gadhahi garwa
nanging raos teng manah iki
boten saged lalekaken sliramu
ing wengi iki aku ngemuti esemmu


Ingkang endahipun ngluwihi suraning surya
sinaring wulan lan lintang ing langit wengi
pangare pku sliramu ngerti raosing jeroning atiku
kang sebenere aku tresna marang sliramu


NYAWEL LINTANG
Dening :Anggit Setiawan XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Tak coba lunga saking kenyataan
ninggalake apa kang sampun kedadean
anggawe sewu impi nang atiku
ingkang mangke saged kawujud


lan boten ta jorake menapa ingkang sampun kula duweni
lunga saking karepku lan nalika kabeh sampun kula duweni
tek tugel tugel kabeh omongan kang boten pas ning atiku
badhe ta remuk lan tak ancurake




LUNGAKU
Dening : Arif Hidayat XII IPA Alumni 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Rengeng rengang bagaskara sumilir ing wates
sunaring nembus ing tengahing manah
paribasan kawistara ngulati mripatmu
ingkang gembong tirta lelayu


Sawetara wektu iki ngulati luhing netes ing pangarasan
anggawe aku ndingkluk meneng
ana rasa perih kang ngiris ariningyasku


Pacelathon satleraman saking lirih swaramu
enggal enggal mulih, tembung ingkang nambahi
abot langkahku, luh bening tumetes siji - siji




WAYANGAN SLIRAMU


Dening: Darto XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Tansah kelingan nalika aku dewekan
tansah ing wayangan nalika aku sare
rengeng sepi kebak kangen
wayangan sing ora bakal ilang sing ngrencangi manahku


Adoh sliramu kalih tiyang liya
ta jorake manahku kaliyan wayanganmu
sing taksih wonten




LARE NEGERI


Dening: Darwanti XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Saben dinten samparanmu jumangkah
jangkah kang lumangkah tumuju radosan kang benyek
kaliyan alas samparan ingkang boten sae dipun agem


Menawi panas srengenge dateng ngobong sliramu
gumregahmu taksih kinebong lan menawi udan kang tumiba
tekade taksih paten anggone tumuju ancas


Rikala kupingmu kados baja kangge mirengake kandahan tiyang
rasa sayah boten diraos eluh ing mripatmu boten tumiba
demi ngulari ilmu
oh gusti....Menawi panjenengan ridho
paringi kahuripan ingkang sae lan rejeki ingkang cekap kangge karaharjanipun




TUMETES WASPA


Dening : Devi Dwi Eviani XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Sliramu tumuju pepisah lan gawe wates
kang ora bisa dak tumuju kanggo ketemu
Aku pitados awakku kanggo gregah saka kawonan
agiring uripku ing wit witan
kang nyepakke aku ing pungkasan bungah utawa cilaka


Dening sumber waspa pengeling kaya apa
kang gawe kangenku ilang utawa aku lalikna
dhuwur kanggo tumuju
tekamu ing ngarepku amargi tumetes waspa
nanging aku ora nyesel
lara ati amarga dene pinecah kaca kang kudu aku lakoni
nanging samparan durung mari


Pandongaku mugi – mugi Allah kang njaga awakmu
dumugi pinanggiih ing suwargi






KANGEN


Dening : Didi Prasongko XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Pasuryanmu medal ing saben wengiku
nalika aku boten sadaring jagat nyata
boten kelingan kabeh raos sayah ing lelakonku


Wewayangmu gawe lara ing atiku
wayangan ing anggawe
setugelan eluh kang tumetes ing pangarasan
aku kangen sliramu ingkang dak tresnani


ing wengi kang sepi
nalika aku kelingan swaramu sing gawe aku ra bisa turu
kepengin aku mlayu marang papanmu
nggegem asta kathah rasa tresnaning
tyas dwi putri ing atiku sing dadi ratu ing pikiranku
sing bisa ngaweh aran ing tumindhakku
tresna lan kangenku namung kangge slira putri dwiku






KUCIWANE ATI


Dening : Estri Makhfiroh XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Semilire angin wengi iki
mendhunge langit kang nutupe cahyaning wulan
tansah gawe mirise ati sliramu kang ora bisa ngerteni


Rasa lara ing atiku
tumindakmu gawe kuciwane ati lakumu pancen manis
nanging gawe atiku kairis ragaku tansah
amarga sliramu ngiris nadyan ati iki kok nduweni
nanging sliramu ana ngendi
ati iki kaya mati amarga rasa lara kang tinggali




WULAN KAPITU


Dening : Fika Laela Setiani XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Luh tineluh sumresep ing atiku
dados panglipur lara manahku
lara tanpa rasa nanging boten wonten anggone
kayata mlaku ing awang dunya
tinampah nanging boten ngertos arah ingkang tunuju
Lesu rasane mangerteni slira iki
boten sagen timanpi marang atiku
nanging ilange sliramu saking ariningtyasku
ninggalake janji lan gawe lara ing wulan kapitu




TRESNA KAPEDHOT


Dening : Handika Prasetyo XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Kaya ra ana endah ing dunya iki kejaba sliramu ing manahku
nanging tresna iki ra bakal ilang nanging kanggo sliramu
nyatane ra pada kaya sing di karepaketresna iki ora tinampa


Lara rasane atiku krungu nyatane sliramu
rasa kaya mati manah iki yen kelingan sliramu




PENGAREP ATI


Dening: Ika Maharani XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Rino wengi
aku tansah kelingan karep ati dadi siji
rasa ing ati iki kepengin duweni sliramu sak lawase
namung sliramu sing ana jroning ati lan kalebu impi


Wong bagus pepujaning ati
tresnaku marang sliramu ra bisa diukur
Jroning samudra sucine embun
ra bisa ngalahake tresnaku marang sliramu
Pandongaku...gusti kang kuwasa
muga aku lan sliramu dadi siji
ana ing akrami kang suci




BIYUNG
Dening : Imam Saviki XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Raos sayah ing panas srengenge
mlebu ing manah lan salira
saben jumangkah wektu ing uripmu ingkang ibu lampahi


Sliramu malaikat ing uripku
sekabeane wis sliramu sampun pertaruhake
sak menika ing bisuku aku mung sages kepikir kados
punapa cara kangge aku wangsulaken sedaya pangurbanan


Namung sakalimat ingkang saged aku katuraken kangge sliramu
aku kang tresna oh biyung..




RASANING ATIKU ING DUNYA KASMARAN
Dening : Ira Pujyastuti XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Januari o... januari
rasa – rasane aku ra percaya jan ora percaya
dene dina iki dina ing wulan januari
aku dipun tresnani marang slirane


Duh gusti, Subhanallah...
slirane pancen bagus, wicaksana
lan duweni pambudi ingkang luhur
aku seneng aku bungah lan gumregah
lan aku pancen seneng marang tumindakmu
Duh rama biyung...
nanging nganti dina iki dina ing akhir januari
aku ra duweni rasa tresna marang slirane
Duh rama biyung, priwe iki
tresna slirane ra bisa nembus ing sajrone kalbuku






LUNGAMU
Dening: Khoirul Hidayah XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Tumetes waspa nggiring lungamu ing wayah ratri
namung kapireng waosan Asma Allah
Saiki aku ora bisa ninggalake swaramu
ora bisa mriksani seneng lan guyonmu
ing manah sekaliyan wus singgah ewon ateges
lungamu ninggalake duka kangge sedhayu
rasane awrat anggone pisah nanging aku sadar aku ora bisa
Allah luwih ngertos saka kowe
mugi Allah ngpurani sedaya lepatmu, amin...






INDONESIA
Dening : Kholis Irawan XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Ngendikane tiyang sepuh dhisik
negara iki gemah ripah loh jinawi
subur makmur kang sarwa tinandur
nanging saiki aku dadi ra percaya
amargi sajake negeri iki wis owah
rakyat rakyat akeh sing pada sengsara
para pejabat akeh sing pada luru bandha dunya
kangge awake dhewe tanpa mikirna rakyate


Negeri iki kaya dene neraka kanggo rakyat – rakyat jelata
amargi korupsi, kolusi lan Nipotisme
wis sekarepe dhewe ing nagara tercinta
sing marakna rakyat pada sengasara
Sing sugih tambah sugih lan walikane
alih – alih janji pamarentah kanggo makmurake rakyat
Pamarentah jaman saiki mung bisa obral janji ra ditepati
Satemah gawe rakyat tambah lara ati




RASA SYUKUR MARANG GUSTI ALLAH
Dening : Mega Lestari XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Rasa syukur maring gusti Allah
pudyaswara tenan atiku marang panembahmu
lindak – lindak ganda rejeki teka marang awakku
kula tresna tenan maring panembahmu


Duh Gusti Allah kang maha Agung
boten saged kaitung rejeki kang sugihi naring awakku
kula sujud sukur marang rejekimu
kula kudu ngabdi lan ibadah ingkang panembahmu




SIRNA
dening :Neli Andriani XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


oh.. pratala
menawi pancen sira ginawe sanes kangge kawula
adohake kawula kanggo sira
menawi sira sanes jodhoku
pisahake kaliyan kekalih ing pratala menika
ampun dijorake kaliyan kekalih
manunggal namung kange pisahan




oh linangit...
menawi pancen kula boten sae kangge sira
wenehake sira putri ingkang luwih sae kejaba kula pisahake
kaliyan kekalih kados neptunus tekan merkurius
kang kapisah jaweh planet planet liyane


oh... tirta
kalekaken kabeh raos kang kedarung ngulandra ngebaki kalbu
oh.. maruta
maburake raos kenangan dening sira
telung taun kepungkur aku lan sliramu nyelehake pengarepku
pirang wayah wis ta lewati
nate mlaku ing dalan iki nanging kabeh sirna.






DEDAWUH TRESNA
Dening : Nur Hidayanti XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Satunggaling dedawuh tresna kawula ngruntuhake manahku
agawe tetembungan kang padha dadi panjerit ing bisuning lathiku
bisu amargi gusti kang maha asih agawe manahku jerih


Dudu liwat tembung tresna iki kaucap
nanging gunemaning waosan Alquran
mili bareng tumetes eluh ing jroning pandonga
lan sumrambah ngliwati sumadyaning tasbih
menawi becik kanggo urip lan mati
nyuwun pambiyantu anggonku njagi
dumugi nambut silaning akrami


Duh gusti, kang ora bakal lirwa maring titipan
kawula nitip katresnanku iki lan pinangiih ing suwargi






PANDONGA MANAHKU
Dening : Nurhayati M XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Manahku...
Minangka bayu kang sumilir tan lumampah
rentah, risah, ora tumata teka ing manah
tambakna saking tembing endah dados reseping ing manah
nanging sakniki pangarep begja ing slira
dadosake sinertan ingkang lumampah


Duh Gusti...
dadosaken manah iki kebak sinertan mu
tumenga salira boten takeran
nanging tumenga ing manah jalari sedaya tiyang








PASURYANMU
Dening : Riris Silva Ariningtyas XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Raos ing manah, boten sagen dipun apusi
nalika wonten kalih manungsa
bebrayan raos tresna lan pitados
penggalihipun boten saged malingake raos punika


Kados wulan lan lintang dumugi ing ngandap samparan
donya kados gadahane endahe raos tresna
ingkang dados sagen panjerumus lakonmu


PEPUJANING ATI
Dening : Sobar Nurrohman XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


yen kelingan jaman semana
nalika tresna tansah sumrambah ing manah
nalika sliramu tansah ing manhku
kaya kabeh endah dunya iki


nanging saiki sliramu tansah mblenjani janji suci ing ati iki
kok kebangeten sliramu ngingkari kabeh janjimu
dosa apa ing awakku kaya ngono temen lelakonmu


Duh Gusti kang ta puji
paringana tabah ing ati kelangan pepujaning ati




PEPUJANING ATI
Dening : Sri Purwasih XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Tresnaku marang sliramu amargi sujudmu
awan lan bengiku sirna tanpa sliramu amargi dak ukir
aranmu jero kalbuku


Sliramu lintang neng atiku
sanadjan sliramu gawe gela atiku
nanging nang mripatku sliramu paling asri lan endah
sanadjan tresnaku marang sliramu
gawe tekaning angkara murka lan ninggalake waspa ing pipiku
nanging slira tansah dadi pangeran ing kalbuku




LARA ATIKU
Dening : Wahyuni Aspriyanti XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Sumilir angin wengi, kaya dening dadi saksi
saksi lelaraning ati nalika kaenget manise janji


Duh gusti...
nganti kapan aku kudu nahan rasa
rasa keronta – ronta jroning dhaha
janji prasetyamu kang wus sirna
nalika aku wiwit tresna marang Arjuna
Arjuna kang wus lunga ninggalake nestapa
gawe uripku sing saya nelangsa


Duh Gusti...
nuwun pangapura saking kalepatan rasa
rasa kang ra samestine ana ing dhadha
nanging aku mung wanita biasa
kang duweni kacintrakan kaendahan asmara
sanadjan saiki mung ana rasa ing lara
aku percaya dening keajaiban tresna
bakal ngrubah sedaya


Gusti...
mugi enggal sirna lalaraning ati
dados sak tunggaling prastawa
endah ing wektune lan kabar kabegjan marang uripku






SEJATINE KANCA
Dening : Wanipah XII IPA Tahun 2012
SMA Muhammadiyah 4 Banjarnegara di Kalibening


Rikala sumuruping bagaskara
ku ngarepake tekamu kang esem saking lathimu
dadekake aku katonen asring pasuryan sira
sira lila pathi ndemi gawe aku bungah
bungah ing manahku
menawi ndelok sira gumregah sumeh
kanca ... sira ngancaniku ing wayahku
bungah lang susah
sira kaya maruta wengi
ingkang sumlorot asrepake manah iki
saiki tangisku dadi tangismu, bungahku dadi bungahku
duh kanca...kabecikan sira ora bakal tau lalekake
nganti akhiring zaman iki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar